LATIHAN PTS 1 BAHASA JAWA KELAS 5
1.
Sesorah bab wabah covid 19
tujuane ….
a.
aweh informasi c. propaganda
b.
rekreasi d. hiburan
2.
Pungkasane sesorah diarani….
a.
purwaka basa c.
simpulan
b.
surasa basa d. wasana basa
3.
Nyapa / sapaan iku perangan
sesorah ing ….
a.
purwaka basa c.
simpulan
b.
surasa basa d.
wasana basa
4.
Isine sesorah ana ing perangan ….
a.
purwaka basa c.
simpulan
b.
surasa basa d.
wasana basa
5.
Sesorah sing diaturake Pak Lurah
nalika pembukaan Bank Sampah ing Desa Watusalam kagolong sesorah ….
a.
laporan c. sambutan
b.
pengarahan d. peresmian
6.
Tandhang gawe bebarengan arane ….
a.
tetulung c. pangerten
b.
gotong royong d. rondha
7.
Nuswantara iki negara gemah … loh
jinawi.
a.
ramah c. ripah
b.
guyub d. raga
Wacanen crita wayang ing ngisor iki kanggo
njawab soal nomor 8, 9, 10, 11 lan 12!
Adhipati Karna
Adhipati Karna iku sedulure Pandhawa
yaiku lair saka Ibu Dewi Kunti lan ramane yaiku Bathara Surya. Amarga ramane
kalebu dewa, mula Adhipati Karna uga kalebu manungsa setengah dewa. Diparingi
tetenger Karna amarga lair liwat kuping. Asma lengkape Basukarna tegese bayi
lair liwat kuping.
Adhipati Karna utawa Basukarna iku ratu
ing Ngawangga. Garwane asmane Dewi Surtikanti, yaiku putrine Prabu Salya. Nalika
perang Baratayudha, Adhipati Karna ana ing pihak Ngastina. Amarga nalika mudha
Adhipati karna ditulungi dening Prabu Duryudana, ratu ing Ngastina. Lan
Adhipati Karna arep-arepan karo Janaka sing kasuwur ing lakon Karna Tandhing.
8.
Adipati Karna lahir saka….
a.
kuping c. pipi
b.
irung d. tangan
9.
Asma asline Adhipati Karna yaiku
….
a.
Pandhawa c. Basukarna
b.
Bathara Surya d.
Prabu Salya
10. Adhipati
Karna iku ratu ing ….
a.
Ngastina c. Ngalengka
b.
Ngawangga d. Jodhipati
11. Garwane
Adhipati Karna asmane ….
a.
Dewi Surtikanti c. Dewi
Sinta
b.
Dewi Kunthi d.
Dewi Arimbi
12. Bapake
Adhipati Karna asmane ….
a.
Bathara Surya c.
Duryudana
b.
Basukarna d.
Prabu Salya
13. Satriya
Pandhawa cacahe ana….
a.
siji c. papat
b.
telu d. lima
14. Bapak
Kondur saking kantor. Kula … saking sekolahan
a.
sare c. bali
b.
wangsul d. tindak
15. Abrit
tegese ….
a.
ati c. angin
b.
alas d. abang
16. Ratri
tegese ….
a.
isuk c. sore
b.
awan d. bengi
Wacanen sesorah ing ngisor iki kanggo
njawab soal nomer 16, 17, 18 lan 19!
Bapak, Ibu,
Ing wekdal punika kula sowan ingkang sapisan ngaturaken nderek prihatos lan kaping kalihipun saperlu badhe ngaturaken bantuan kagem panjenengan sedaya. Bantuan punika sageda kagem pangentheng–entheng panjenengan sedayanipun wonten pangungsen. Bantuan punika saperangan alit saking pamarintah dene saparangan ageng saking para warga ingkang mboten kenging pacoban punika.
Miturut kula, bapak lan ibu kedah menggalihaken papan sanes ingkang aman kangge pindhah, mangke menawi sampun radi longgar saged dipun rembag langkung lebet.
17. Isi pidhatonipun pak lurah ingkang sepisan ngaturaken nderek …..
amargi wonten longsor.
a.
bingah
c. suka rena
b.
suka d. prihatos
18. Ing pidhatonipun Pak Lurah kagungan pemanggih …..
a.
korban longsor kedah
transmigrasi c. korban
kedhah menggalihaken papan pindhah
b.
korban kedhah wangsul
ing papanipun d. korban kedhah nyuwun ganti rugi
19. Bantuan ingkang kapasrahaken dening Pak Lurah punika saperangan
ageng saking …..
a.
pamarentah kalurahan c. stasiun
televisi
b.
warga ingkang mboten
kelongsoran d. dhompet
pedhuli umat
20. Pak Lurah melu prihatin jalaran
para warga …..
a.
nampa kanugrahan c.
nampa pageblug
b.
nampa bantuan
d. kena longsor
21. Sesorah
kang ngarahake kegiatan diarani sesorah ….
a.
pengarahan c. sambutan
b.
peresmian d. laporan
22. Cacahe
Kurawa ana ….
a.
lima c. satus
b.
sepuluh d. sewu
23. Tirta
tegese ….
a.
angin c. surya
b.
banyu d. mega
24. Bapak
maos koran. Basa ngokone maos yaiku
….
a.
maca c. nggawa
b.
tuku d. tumbas
25. Adik
tuku es potong. Basa kramane tuku yaiku ….
a.
maos c. mbekta
b.
tumbas d. ngampil
I. Isenane ceceg-ceceg ing ngisor
iki kanthi trep.
1.
Putrane Dewi Kunthi kang lair
saka kuping asmane ….
2.
Kusir iku supir ….
3.
Pidhato uga diarani ….
4.
Abang branang tegese….
5.
Wong kang ahli pidhato diarani ….
6.
Crita wayang kulit kang
diperagakake dening wong diarani ….
7.
Urip ing ndesa rasane adhem ….
8. Sugeng enjing,Bapak Ibu ingkang kawula mulyakaken.
Ukara
ing dhuwur kalebu perangan sesorah kang arane ….
9.
Perang antarane Pandhawa lan
Kurawa yaiku perang ….
10.
Wayang saka kulit sing
nggambarake tokoh-tokoh wayang saka crita Mahabarata lan Ramayana diarani
wayang ….
II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki
kanthi patitis!
1.
Apa tegese sesorah?
2.
Sebutna perangane sesorah!
3.
Sebutna sapa wae kang kalebu
satria Pandhawa!
4.
Sebutna 3 jinising wayang!
5.
Apa tegese asma Basukarna?
Komentar
Posting Komentar