LATIHAN SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 5 SEMESTER 2
I. Wenehana tanda ping (x) kanggo aksara a, b, c utowo d wangsulan sing bener!
Wacanen teks-teks sekar pangkur ing ngisor iki!
SEKAR PANGKUR
Sekar Pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadau
Miwah ingkang tata krama
Den Kaesthi siyang ratri
1. Sekar Pangkur kuwi kalebu tembang ….
a. Tembang macapat c. Tembang dolanan
b. Tembang cilik d. Tembang gedhe
2. Tembang ing nduwur ngemu pitutur supaya wong kuwi padha mengerteni….
a. Kebecikan c. Ala lan becik
b. Kasenengan d. Susah lan seneng
3. Tata Krama kuwi apik diterapake ana ing ….
a. Omah c. Panggonan rame
b. Sekolah bae d. Sadhengah pangan
4. Tembung siyang ratri ing pangkur tegese....
a. Awan sore c. Awan padhang
b. Awan mbengi d. Esuk wengi
5. Sing kudu mangerteni lan nindakake Tata Krama yaiku ....
a. Wong tua c. Bocah sekolah
b. Wong enom d. Kabeh wong
Wacanen geguritan iki kanthi seteliti!
RERONCENE KADANG TANI
Kaanggit dening Trie Elang Sutajaya
Ijo royo-royo
Gumelar sak ngisore langit biru
Angin Tumiyap
Dolanan godhong pari
Kadang tani padha mesem
Nyawang parine wis kuning
Ati ayem tentrem
Pari kuning
Minangka reroncene urip
Tembe mburi
6. Sopo sing nulis geguritan ing ndhuwur?
a. Pak Tani c. Kelompok Tani
b. Tri Elang Sutaja d. Sedulur kampung
7. Isine geguritan ing ndhuwur yaiku Pak Tani seneng atine amarga ....
a. Ameh panen c. Nandur pari
b. Ora Panen d. Panen gedhe
8. Tembung mesem ing geguritan mau tegese ….
a. Arep panen c. Ngguyu seneng
b. Atine ayem d. Rasa kuciwa
9. Kepriye atine kadang tani nalika nyawang sawahe?
a. Ing tembe mburi c. Kepingin lunga
b. Kepingin ngguyu d. Atine ayem
10. Tegese ukara minangka reroncening urip ana ing geguritan mau yaiku ....
a. Bisa kanggo nguripi c. Ora baka biso urip
b. Bisa kanggo reroncen d. Uripe bisa dironce
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi bener!
1. Cacahe wanda utawa suku kata saben sak gatra diarani....
2. Tibaning suara ing pungkasane gatra diarani ….
3. Tembung lelabuhan ing Sekar Pangkur tegese....
4. Salah sijine ciri-ciri Tembang Pangkur duweni watak ....
5. Crita Rawa Pening kalebu cerita....
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1. Apa tegese ukara “Ala lan becik punika prayoga kawruhana” ana ing tembang pangkur?
2. Sebutna guru lagune tembang Pangkur!
3. Sebutna guru wilangane tembang Pangkur!
4. Pranatan kang kudu dilakoni nalika cerita legenda ana 5, sebutna!
5. Sebutna crito legenda cacahe ana telu (3)!
Komentar
Posting Komentar